Jumat, 10 Desember 2010

CINTA DUNIA MAYA (Katresnan Tanpo Tondho)

Sliromu tansah narendro nadian kalingan petheng
Tan wusing wujud lan pengadegmu, tansah tak mat-mat'ke
Wingit kathonmu, tanpo doyo sajroning wingit'e
Rum wangi tumapasmu, tiwikromo petheng...

Ampuro, sliromu tansah maparaken luh samar-samar kersomu
Duuu...Kawulo tan saparing ngratrining wingitmu
Ngawutake netro pethengmu, tan nyingkur nadian mung go'awake dewek
Wujudmu petheng dedhet, lir koyo to samar'e pemujimu

Dumadhineng athi-mu, nonggak tinunggak
Kalyan, Ginambar sak jroning pangimpenku
Mih tak buka, aku sing tansah tan ngoco neng petheng-mu
Mih tak tutup, sak lawas'e tresnomu tansah nyoto

Ujar-ujarmu sang soyo wingit, sunika tansah tumapas sumbarmu
Narendradimu...Diageng, lan wicaksonomu tan kawoco sonsong pakertimu
Neng sliromu sak kliwatan netro, rekodoyo jiwo, kalingan waspo lan wektu
Lir purasun samudraning tresnomu, podo tibo, tinibho waspomu

Tresno samar'eng dunyo, katresnan tanpo tondho
Tresno tan cindero, tresno rekodoyo indriyo, mung roso
Tresno samar'eng dunyo, wuyung, gumuyung samar
Guyu'mu, lahak hak-hak'eng samar, anget, angetabing samar

Kalian wuyung kang tumrap alungguh sajroning wengi
Kalian wuyung kang samar, sasongaran kalingan kelir'eng wengiku lan wengimu
Sliromu tansah dadi pangewoewane loroku
Sliromu kang nggregethi nadian ngalingi pangrungonku

Tan netro bathinmu lan tan krungu rosomu
Nadian tresno iki mang mangun tah risik samar'eng dunyo
Nadian wuyung iki lir gunung hanyacap acapmu
Neng maksih tumrap gumludhug katresnanku jroning jiwo

Tresno samar'eng dunyo, katresnan tanpo tondho
Tresno tan cindero, tresno rekodoyo indriyo, mung roso
Tresno samar'eng dunyo, wuyung, gumuyung samarmu
Guyu'mu, lahak hak-hak'eng samar, anget, rumangkul samarmu

Byar padhang ayuneng kalbumu, jroning layang, jroning ujar, lan jroning ati-mu...
Wenten gumludhug nyacap samarmu, wenten pamuji pangusaping samarmu
Tresno samar'eng dunyo, tresno tanpo tondo
Tresno tan cindero, tresno rekodoyo indriyo, mung roso

Mahas padhang yingglang tresnomu diajengku
Udan iki sakliwatan diajeng, tan benthen wangwungmu lan wangwungku
Ureg mangreg iki saklebatan diajeng, tan benthen sinareng bintangmu lan kuminthang-ku
Neng sak kilan adohmu, aku wenten ati-mu, sliramu wenten atiku

Tresno samar'eng dunyo, katresnan tanpo tondho

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

KALA ITU

Angin berdesir kala itu Aku tahu kau suka angin itu Semilir menerpa jilbab panjangmu itu Senyuman kecilmu tanda kau suka itu Aku ingin berta...