Jumat, 10 Desember 2010

Ni Kembang Mayang

Ni kembang mayang kinocap, tresno hanyacap jiwo
Woh-wohane roso, owah-owahaneng manungso
Duk gumluduk neng dodo-mu dodo-ku kangen-mu
Dek gumledek neng wantorone ati-ku

Ni kembang mayang
Janji neng pundhakmu, tansah tumungkulo janjimu
Jan...nadyan pundhakmu mumbul-mumbul sasongaran
Tansah ngaran arang-arang, moro marang atimu
Sasongaranmu ming gang gung sak paran-paran

Lir kadyo punika kang mas
Mas-masane, sak anane, sak remuke
Lir kumoyo gemuyumu tumrapmu nekomu angas neng kang mas
Nekah tumekah tekomu sak remuke

Surak tumabrak mawurahan
Elalah..tekomu tan kawoco netro
Aku nunut nut wurimu, nedhak nindhak ngaten
Roncengke loroku kang rincing ringsik pangrungon

Mboten enten pamanggih kang tinumpas runtiku
Nadyan aku wis ngocap sejatiku, atiku tan nrimo
Sun pamit mowo loroku, sun indhit tan tangismu
Kilo mangolo cokro, samudroriwih lir koyo remukeng atiku

Munggal malang sliramu Ni kembang mayang
Lir sari katresnanku tan moh cumekel astaneng atimu
Katresnanku sedo ningglang gumuruh samudro
Mukso tan mekso, dep kasidep lir halimuneng ombak kang tinumbak

Ni Kembang Mayang, jingglang wulan iku sinoroteng netramu
Mripih mawurahke bet runtiku iku sumilireng bayumu
Tumindhaku midak-midak kanthi jejeg iku tapakeng sitimu
Woohh..ejowantahke, aku tan biso urip tanpo sedyamu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

KALA ITU

Angin berdesir kala itu Aku tahu kau suka angin itu Semilir menerpa jilbab panjangmu itu Senyuman kecilmu tanda kau suka itu Aku ingin berta...